Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan beberapa tes wawancara untuk ” tidak” menerima calon karyawan baru, tentu saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yg nDaksempurna).
Bagi yang tidak memahaminya nggih nyuwun sewu … (mohon mangap)
Boso Jawi … Meniko
G : Kowe nduwe omah opo ora…..?
a : dereng….
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten……..?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kuloniku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten…..?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
G : Kowe nduwe motor opo ora….?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo….
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.
G : Kowé wis lulus sarjana tenan…..?
c : sampun pak….
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi G : Malah ora ketompo…..
c : Lho kados pundi to….?
G : Mengko kow é kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
G : Kowé seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius n ék nyambut gawé.
G: Ra ketompo…..
d : waa……kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G : Malah ora ketompo.
d : Lho kok……
G : Engko kowé mung email emailan sing
lucu…….
G : Kowé mau mréné numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok G : Tambah ora ketompo e : Lho, lha kok … ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor.
Ngrusuhi !
G : Anakmu akèh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok … ?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
h : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gaw é kok ora ngerti gaweyané ?
h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok G : Tambah ora ketompo h : Lho, lha kok … ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
G : Kowe ngerti kahanan kantor k éné durung
k : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
k : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gaw é kok ora ngerti kantoré ?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok … ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?
G : Kowé kerep loro ?
m : Mboten
G : Kowé ora ketompo
m : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
m : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo m : Lho, lha kok … ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
G : Kowé biso main Internét ?
n : mBoten
G : Kowé ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo n : Lho, lha kok … ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to?
Ngenték-entekké pulsa !
G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo…….
o : Kenging nopo …..?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo……
o : Pripun to niki….?
G : Mengko aku duwe saingan……….